Pages

Tampilkan postingan dengan label Naskah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Naskah Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Selasa, 10 Mei 2011

Becik Nitik, Ala Pilara (Drama Bahasa Jawa)

Becik Nitik, Ala Pilara
Sandiwara Kampung
* M. Ahmad Jalidu

Kontak :
08175486266
masjali@yahoo.com


BABAK 1
Omahe kang Marto. Somat, anake kang Marto lagi wae bali, dheweke mbonceng Mas Bambang lan didhunke ngarep omah. Saka njero keprungu suara megaprone Mas Bambang.

Kang Marto : “Diterke sapa Le?”
Somat : “Mas Bambang.”
Bu Marto : “Mas Bambang ki jan apikan tenan ya, karo sapa-sapa isa akrab. Karo cah mejid ya srawung, karo copet ya srawung.”
Kang Marto : “Huss! Bu, nek omong ki ra waton!”
Bu Marto : “Waton apa? Cen nyatane kaya ngono kok. Mas Bambang ki cen apikan, njur anakmu ki ya copet tenan”.
Somat : “Alah! Mung pisan wae kok njur dicap. Aku nyopet mung pisan mbok. Gek sasi pasa wingi kae. Kuwi sing melu ngicipi dhuite ya sapa? Simbok barang to? Nek ra reka-reka tak golekke tangeh isa melu mangan iwak pitik kaya tangga-tanggane, Mbok”.
Kang Marto : “Le! Isa mingkem ora? Rembugan bab nyopet yo ndadak mbengok-mbengok, alon sithik isa ra? Krungu kiwa tengen rak ya ra kepenak!”
Bu Marto : “Wis kana lek adus. Njur ning ngomah wae, rasah lunga meneh. Bocah kok ra isa ning ngomah sak jam wae. Minggatt terus…”
Somat : “Sak sirku to Mbok! Awak-awakku dhewe, sikil-sikilku dhewe, nyawa-nyawaku dhewe”.
Kang Marto : “Mat! Cangkemmu ditata! Omong karo mbokne kaya omong karo gali pasar!”
Somat : (Mlebu ing kamar, njawab seka njero kamar) “Kula ra ngomong ro gali pasar pak. Ning karo Bojone Gali pasar!”
(Bu Marto mlebu perangan njero omah, Pak Marto meneng.)
Kang Marto : (nyeluk bojone) “Nah! Nah!..,”
(Ora ana sing njawab. Kang.)
Kang Marto : “Nah! Bajigur!! Kupingmu kesumpelan aspal po piye?”
Bu Marto : (seka njero) “ngapa ta? Aku ki krungu. Ning gek mbenakke panci ning kompor. Ngapa ta?”
Kang Marto : “Tuju enamku mau ning ngendi?”

Bu Marto : (Teka ning ruang tamu karo nguncalke rokok 76 ning meja) “sing udud ki kowe kok aku sing takoni, goleki dhewe pa ra isa? Padhakke babu wae.”
Kang Marto : “Kok malah ngejak padu ta kowe ki? Bedane bojo karo babu ki, nek bojo dituroni kon meteng, nek babu ki dituroni ning aja nganti meteng.”
Bu Marto : (Mbalik mlebu njero)
Kang Marto : “Kaya kowe mbiyen, mbabu ning tokone Koh Liang kae rak ya ngono ta? Koh Liang nuroni kowe ning karo diombeni anggur ben ra meteng!”
Bu Marto : (Teka ning ruang tamu karo nesu) “Pak! Ra ngayawara lho kowe ki. Arep golek perkara meneh? Nek omong ki naganggo dipikir! Dhasar wong ra mambu sekolahan ya ngono kuwi.”
Kang Marto : “Sekolahmu ki apa? SR ya ra rampung wae kok.”
(Somat njedhul)
Somat : “Wis to mbok. Nek pancen mbiyen tau dituroni Koh Liang ya ngaku wae, wong bapak ya nrima kok. Nek pancen ora, ya rasah diwangsuli. Kaya ra apal. Cangkeme bapak kawit mbiyen ya ngono kuwi. Wis, aku tak metu dhisik.”
Bu Marto : “Rasah mabuk-mabukan meneh!’
Somat : (sambi bablas metu omah) ‘Mabuk ya ra papa angger ora matengi uwong!”


klik di sini untuk download naskah teater selengkapnya
Download Naskah Ini

ANDHE- ANDHE LUMUT ( WATERMANIK VILLAGE )

ANDHE- ANDHE LUMUT
( WATERMANIK VILLAGE )
Anonim

Ing desa Watermanik ana perayaan lamarane Panji Asmarabangun karo Dewi Sekartaji.Ujug-ujug ana lindu kang gedhe,kabeh wong panik lan bubar dhewe-dhewe.Dewi Sekartaji uga mlayu terus,nganthi ora ngerti daerah ingkang dilewati sehingga mlebu ing tengah alas.Nanging Panji Asmarabangun isih ing kana.Banjur ngerti yen Dewi Sekartaji lunga,Panji gela.Dheweke terus lunga nggoleki Dewi Sekartaji lan ngganti asmane dadi Andhe-Andhe Lumut.Panji akhire tinggal ing omahe Bu Dhadapan.

Sawetara kuwi,amargakeselen Dewi Sekartaji akhire semaput ing alas.banjur wis tangi,Dewi Sekartaji ora ngerti dheweke ana ing ngendi.Dewi Sekartaji mlaku-mlaku lan weruh villa kang apik ing pinggir alas.Dewi Sekartaji lansung marani villa kuwi.

ADEGAN 1
Dewi Sekartaji : “ Kulanuwun.....Permisi.....Spada.....! ”
Dewi Biru : “ (mbuka lawang) Kowe sapalan arep ketemu sapa ? ”
Dewi Sekartaji : “ Kula Dewi,kula niki kesasar ing mriki.Kula nyuwun ijin kangge tinggal ing mriki lan kula nyuwun dadekaken kula niki adhine sampeyan,please... ”
Dewi Biru : “ Whattt? Arep dadi adhiku ? Sorrryy ya,omah iki wis kebak ! ”
Dewi Sekartaji : “ Please,kula purun dikengken napa mawon. ”
Dewi Biru : “ Plas plis,plas plis,mbok kira aku onde-onde ceplis apa? Lunga wae kana ! ”

Tapi Dewi Skartaji tetep meksa. Akhire ibune Dewi Biru melu metu.
Bu Wati : “ Ana apa tha iki kok ribut-ribut? (ngampiri Dewi Sekartaji) Lho,sapa iki ? Ayu banget kowe tha,nduk...? ”
Dewi Sekartaji : “ Bu,kula Dewi,kula niki mboten gadhah griya.Kula nyuwun didadosaken anggota ing keluwarga niki,Please...
Bu Wati : “ Yo wis,kowe mlebu dhisik. Ayo ! ”
Dewi Pink : “ Alah,Bu..Ora ana gunane nanggepi dheweke. ”
Dewi Biru : “ Iya,,lagian ing kene wis akeh wong wadon,Bu ! ”

Bu Wati meneng lan mikir-mikir.
Bu Wati : “ Yo wis,nduk cah ayu.Kowe intuk tinggal ing kene.Tapi kowe kudu ngrewangi gawean ing omah iki ya,nduk? ”
Dewi Sekartaji : “ Inggih,Bu.Maturnuwun...Maturnuwun sanget,Bu ! ”
Bu Wati : “ Ya.By the way,jeneng lenkapmu sapa tha nduk? ”
Dewi Sekartaji : “ Asmanipun kula Dewi,Bu! ”



klik di sini untuk download naskah teater selengkapnya
Download Naskah Ini

Jaka Tarub Dadi Duda (drama bahasa jawa)

JAKA TARUB DADI DUDA
 Anonim

Dina Jemuah…
Suasana sore wis mulai cerah.Udan sing mikine gede….benget be wis mandeg.Srengengene wis mulai katon.Eh…ditambah ana pelangi mentongol neg sisi kulon.Jerene wong-wong tah angger ana pelangi,berarti arep ana bidadari sing arep adus neng bumi.Tapi…bener orane ya mbuh ora ngerti.
Selot sowe…bit…semribit ana ambu-ambuan wangi pisan.Ana apa ya?Suara kemrincing…kemrincing genah epor sekang sisi kulon.

ADEGAN KE I
Byur…Byur…Byur…
Widadari Abang : “ Cihuy…Asik…bisa adus maning.Jen banyune seger pisan.
Wis seminggu ora adus,awake pada pliket,lah jan…segerepol pokoke lah…”
Widadari Jambon : “ Tela iya koh,segere poll.Tapi angger aku ya ora kayak ko.Ko tah dadi Widadari ora tau adus.Mbok siki neng kayangan wis ana pemandian umum.Ora ngerti si…Katro Banget!!!
Widadari Kuning : “ Ih…ya ampyun… sapa kue sing jarang adus.ngisin-isina banget dadi widadari.Masa widadari jarang adus.Kyeh…contoh akyu ya…Saben dina ora tau lat Manycure Pedycure.Jen…ambume mbok wangi pisan kaya kiye…”
Widadari Ijo : “ Lah…ya wis.Anu kaya kue be debahas.Nyong sing pada bae kaya Abang jarang adus be meneng bae koh…”
Widadari Abang : “Duh…Ijo,dadi aku ana batire???Ha…ha…ha…Tos disit yuh…(tos..!!tos..!!tos..!!)
Widadari Ijo : ” Tos…!!!”



klik di sini untuk download naskah teater selengkapnya
Download Naskah Ini

Senin, 21 Maret 2011

Mak Ana Asu Mlebu Ngomah

Mak…!!
Ana Asu Mlebu ngOmah

Dening: Andy Sri Wahyudi


ada juga versi bahasa Indonesia>> Mak Ada Anjing Masuk Rumah


ANA ING KAMPUNG EMBUH. KAMPUNG SING ORA ANA NANG PETA KECAMATAN.

NANG LATAR SING RADA JEMBAR, ANA BOCAH WADON CILIK JENENGE SUMI, LUNGGUH DEWEAN NUNGGU MAKNE MULEH SAKA PASAR. SUMI KETHAP KETHIP, RUPANE KATON NYREMIMIH.
ORA LET SUWE SUMI NYANYI-NYANYI DEWE. NYANYI SAPENAKE UDELE DEWE.

Sumi : Dondong apa salak
Duku cilik-cilik
Ngandong apa mbecak
Mlaku thimik-thimik
Mengko ibu mesti mundhut oleh-oleh
Kacang karo roti
Aku diparingi

Ah males ah…

SUMI MLAYU MBUH LUNGA NANGENDI

SAKA NJERO OMAH, ANA SUARA PATING GLODEK, SUARA BEKAKAS PADA TIBA. ANA SUARA ASU NJEGOG, NGGERENG, LAN GUMUYU CEKEKEKAN. DUMADAKAN NYUSUL SUARANE SURIP, BENGAK-BENGOK MISUH-MISUH DEWE. SURIP MBANYAKI, GEDABIKAN NGOYAK-OYAK MECUTI ASU! NGANGGO PECUT BLEDEK, SENJATA WARISAN LELUHURE!

Surip : Maak!! Ana Asu mlebu ngomah!!! Cia...ttt!!! CTAR…CTER…CTER…CTAR...!
Modar Ndasmu! Kena cengelmu ra kowe! Sabet Cangkemmu!

Asu-asu : Gugukkk gukk gukkk gukkk!! Grrrr!!! Hahaha…Kakakakakakak..!!!

Surip : Minggat!! Asu Njijiki!! Kena cengelmu ra we!

ASUNE MLAYU METU NGOMAH, NANGING ANA ASU SIJI SING ISIH KERI, NGADEK NGGEJEJER MENTHELENGI SURIP. SURIP GAGE MLUNCAT MECUT NDASE ASU.

Surip : Wo…malah mecicil! Tampanana! Ciaaattt…! Modar Cocotmu!



NAGGING LUPUT! SURIP BOLA-BALI MECUTI NANGING TETEP LUPUT, MERGANE ASUNE LUWIH LINCAH, GESIT LAN PINTER ENDA. NGANTI ASU KUWI MAU MLAYU METU OMAH! SURIP NUTUTI ASU METU NGOMAH, MLAYU JRANTHAL NGGAWA PECUT BLEDEK. SURIP NGOYAK NGANTI TEKAN ADOH, NANGING KALAH CEPET KARO PLAYUNE ASU.

***
SUMI NJEDUL DOLANAN ENGLEK MANEH NANG LATAR. COTHOT LIWAT LATARE SURIP AREP LATIHAN SILAT NANG NGISOR WIT RANDU.

SURIP MLAKU KATON KEKESELEN, BANJUR MARANI SUMI SING LAGI DOLANAN ENGKLEK DEWE.

Surip : Sum asune mau bali meneh ra?

Sumi : Aku rangerti e kang? (Sumi lingak-linguk) Kae pa kang Asune?

Surip : Ndi e Sum?

Sumi : Kae lho malah nguya-ngguyu!

Surip : Wo ho’oh e! Pancen truk biangane tenan ok! Bakal tak kemah-kemah tenan kowe Su!

SURIP MLAYU NGOYAK ASU MANEH, NANGING DUMADAKAN ANA SATENGAHING DALAN, SURIP RAISA OBAH. AWAKE NGACENG! KAKU KABEH.

NANG LATAR OMAH PANGGONANE SUMI ENGKLEK.

MAK JIUK, IBUNE SURIP MULIH SAKA BAKULAN NANG PASAR. MARANI SUMI SING LAGI ENGKLEK.

Sumi : Mak ana asu mlebu omah!

Mak Jiuk : Asune sapa? Aneh-aneh! Nduk, Muleh yo! Ki tak gawake oleh-oleh. Kang masmu nangendi je nduk?

Sumi : Mlayu ngoyak asu mak.

Mak Jiuk : Wah jan bocah kok senenge aneh-aneh!




klik di sini untuk download naskah teater selengkapnya
Download Naskah Ini

Urip DiLakoni Kanthi Waras lan Trengginas

LELAKON
Urip DiLakoni Kanthi Waras lan Trengginas

Katulis Dening : Andy Sri Wahyudi



Ringkesan Carita

Wis ora kena diselaki maneh, jaman ora tahu mandeg. Modal gede terus mubeng nggiling manungsa. Awak dadi wesi keringet dadi oli! Manungsa wis raurusan marang liyan. Akeh sing pengin ngrasakake surgane donya lan surgane akhirat kanthi ngalalake kabeh cara. Uriping manungsa samsaya suwe samsaya kebacut: dadi kewan sing tegel pangan-panganan.

….lan ana agama anyar sing jenenge: Duit!


Ana satengahing jaman kuwi carita lan lakon-lakon kacipta: Nanang Edan, Kawit, Kajine Amat Sugeh, Nursoleh, Samsinah, Cempluk, Jumiran Alap-alap, Mbah Temu Cahyadi, Lestari, Siti lan Nurdin. Wong-wong sing urip ana ing pinggir kutha. Akeh carita dadi siji ing LELAKON. Kabeh duweni lelakone dewe-dewe: seneng, ndagel, trenyuh lan ana kekuataning urip sing bisa dadi kaca benggala ing sajrone nglakoni urip!


Cah Ayu…Tresnaku Ora uwis-uwis….



Lakon-Lakon ing LELAKON

1. Cahyadi Pawongan Lanang enom umur 25 tahun. Rada pecicilan tur romantis.
2. Nanang Edan Pawongan Lanang enom umur 27 tahun. Mbiyen tukang gawe gurit lan puisi.
3. Lik Kawit Duda duwe anak siji, umure 45 Tahun. Bekas maling nanging sok Priyayi wicaksana.
4. Kajine Amat Sugeh Tetua ing kampung umur 50 Tahun, isih ketok gagah, senengane nganggo teken ben merbawani. Gaweane nyramahi uwong.
5. Nur Soleh Cah enom, bujang umur 20 tahun. Sregep salat lan lugu.
6. Nurdin Nom-noman umur 22 Tahun, tukang adu jago nanging setia marang pasangan. Ne nyandang model gali 70an. Rambute kliwiran.
7. Jumiran Alap-alap Maling kelas teri, umur 21 Tahun nek nyandang lan bahasane gayane kaya wong landa.
8. Lestari Pawongan wadon umur 23 tahun, manis, cah kuliahan.
9. Samsinah Randa cerai duwe anak loro, umur 40 tahunan. Sregep nyambut gawe lan rada galak.
10. Siti Remaja loro SMA umur 17 tahun. Bocah wadon manut lan gemati marang wong tua lan sedulure.
11. Cempluk Randa ditinggal mati duwe anak siji, umur 24 tahun. Geleman lan nggateli nek karo wong Lanang.
12. Mbah Temu Simbah-simbah umur 70 tahun, nanging isih ketok sehat. Hobine mancing.


klik di sini untuk download naskah teater selengkapnya
Download Naskah Ini